WhatsApp Image 2019-02-19 at 14.47.25

WhatsApp Image 2019-02-17 at 14.40.27

Nguri- nguri potensi wisata sing ana nang kecamatan Mrebet salah sijine

Arung Jeram Ning Desa ONJE.

Pertama melu arung jeram  Pak Camat Mrebet kwe pikirane wedi,  tapi sawise mulai weruh alame apik banyune bening trus bersih kwe sing dadi daya tarik   lan kepengin dolanan arung jeram ning kali klawing tepate ning desa ONJE Kec Mrebet Kabupaten Purbalingga, Minggu tanggal 17 Febuari 2019 rombongan Pak CAMAT Mrebet karo karyawan, dikancani PANWASLUCAM MREBET karo Perangkat wilayah mrebet jajal arung jeram sing esih gawe penasaran kepiwe rasane. seliane seneng anu pertama jajal kwe dadi olih ilmu karo pengalaman anyar dadi ngerti kepiwe carane dayung ,numpak prau arung jeram lan akeh maning. Tiba ming banyu sekang prau karet salah sijine pengalaman sing ora bakal kelalen pas lagi arung jeram. Seliane kuwe mesih ana maning sing dialami. Seneng kwe wis pastine wisata kyeh dadi hiburan  mbuang kejenuan  sing rutinitas kerjaan akeh senenge kwe pas lagi ngarung deg – deg – deg rasane ati campur tegang, seneng, lucu, wedi lah sekabehane tapi pada teyang sorak – sorak seserune dewek lan  akeh maning sing dadi gawe berkesan.

pendapate pak camat, arung jeram nyenengna masaleh gawe campur bawur rasane ati tapi akeh senenge karo tantangane kwe akeh sing merekna kepengin jajal maning.

trus kwe wis jamin aman masalaeh pengelolane wis nyiapna tim kusus sing kon dampingi pas lagi pada dolanan arung jeram lah kanca-kanca pengelola kwe wis pada pengalaman nang kali wis pada olih sertifikat resmi dadi aja pada kewatir dolanan arung jeram.

seliane kwe pas nang finis kwe wis ana dawegan go pengunjung sing wis pada dolanan arung jeram tambah maning jajanan tradisional sing alami trus go tamba ngelih ana maemane tempate seger karo nyawang suasanane alam pedesaan terutama nang pinggir kali.

pokoke warga mrebet kudu jajal….